--> Perangane Layang lan Tuladhane | .::All About Education::.

12 February 2014

Perangane Layang lan Tuladhane

| 12 February 2014

1.            Adangiyah/adawiyah

perangan layang kang isi alamat sarta prenahe wong sing kirim marang wong sing dikirimi.

2.            Pambuka

perangan layang kang mratelakake keslametan sarta pamuji muga-muga sing dikirim layang uga slamet

3.            Isi/surasaning layang

perangane layang kang mratelakake wosing rembug.

4.            Wasana Basa (panutup)

perangane layang kang mratelakake menawa rembuge wis rampung.

5.            Titi mangsa

papan lan tanggal anggone gawe layang

6.            Paprenahan              

perangan layang kang mratelakake urutan nom tuwane sing gawe layang.

7.            Tapak asma

perangan layang kang ngemot tapak asma (tanda tangan) sing kirim layang

8.            Asma/jeneng kang nulis layang

 

Tuladha:

Salatiga, 10 januari 2009
     
Pangabekti kula Katur eyang kakung Wirga Martono ing margi sukarna hata 5 Sragen
     
        Nuwun wiyosipun sareng serat menika ingkang wayah nyaosi pirsa, bilih kawontenanipun ingkang wayah dalah bapak ibu ing Salatiga tansah ginanjar wilujeng . mugi-mugi kasugenganipun eyang kakung sabrayat tansah mekatena ugi
      Kajawi punika nyaosi pirsa, bilih paringan serat eyang sampun ingkang wayah tampi. Ingkang wayah punapa dene bapakl ibu sami bungah dene eyang sampun kondur kanti wilujeng Salajengipun nyaosi pirsa, bilih liburan mangke bapak ibu punapa dene ingkang wayah badhé sowan éyang. Sokur saged sinambi ningali musium Sangiran, dateng kraton Surakarta, ningali tetilaripun para raja.

      Ing wasana cekap semanten aturipun ingkang wayah. Sedaya kalepataning atur punapa dene kiranging, suba sila nyuwun pangapunten.

Ingkang wayah



Sukartini
Margi Dipanegara angka 136



Related Posts

No comments:

Post a Comment